Sundha Wiwitan

Sundha Wiwitan (cara Sundha: ᮞᮥᮔ᮪ᮓ ᮝᮤᮝᮤᮒᮔ᮪, Sunda Wiwitan) iku agama tradhisional wong Sundha. Agama iki muja kuwasaning alam lan jiwaning para leluhur (animisme lan dhinamisme).[1] Ing Carita Parahyangan, agama ingaran Jatisunda (cara Jawa: Jatisundha).

Para nggilut Sundha Wiwitan racaké sumebar ing désa-désa Jawa Kulon, kaya ta Kanekes, Lebak, Banten; Ciptagelar Kasepuhan Banten Kidul, Cisolok, Sukabumi; Kampung Naga; lan Cigugur, Kuningan. Wong-wong iku ndhaku yèn Sundha Wiwitan wis dadi dalan uripé kawit duk nguni, sadurungé tumeka Hindhu lan Islam ing Tanah Jawa. Kitab suci Sundha Wiwitan arané Sang Hyang Siksakanda ng Karesian sing ngemu panuntun agama lan solah laku, paugeran, lan piwulang. Pustaka iku tinenger Kropak 630 déning Perpustakaan Nasional Indonesia. Miturut kokolot (sesepuh) ing Désa Cikeusik, wong Kanekes ora nggilut agama Hindhu utawa Buda. Wong-wong iku nggilut agama sing muja jiwaning para leluhur. Nanging, sangsaya suwé agama Sundha Wiwitan kaprabawa lan kacampur unsur-unsur Hindhu lan Islam.[2]

  1. Edi Suhardi Ekajati (1995). Kebudayaan Sunda: suatu pendekatan sajarah. Pustaka Jaya. kc. 72-73.
  2. Kenang-kenangan Pangeran Aria Achmad Djajadiningrat. Kolff-Buning-Balai Poestaka. 1936.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search